PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Mazmur 102:25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Mbiyèn Njenengan nggawé pondhasi bumi,

      Lan Njenengan sing nyiptakké langit.+

  • Yésaya 42:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  5 Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener,

      Gusti Allah sing hébat sing nyiptakké lan nggelar langit,+

      Sing nggawé bumi sak isiné,+

      Sing mènèhi napas marang manungsa ing bumi,+

      Lan sing mènèhi urip marang kabèh sing manggon ing kono.+ Dhèwèké ngomong ngéné,

  • Yésaya 45:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener,

      Sing Nyiptakké langit,+ Sing Mbentuk bumi,

      Lan sing nggawé bumi bèn ana sakterusé.+

      Dhèwèké nyiptakké bumi merga ana tujuané,* yaiku bèn dienggoni manungsa.+

      Dhèwèké ngomong ngéné, ”Aku Yéhuwah, ora ana liyané.

  • Roma 1:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Kèt donya iki diciptakké, manungsa isa ngerti nèk Gusti Allah nduwé kuwasa+ lan nèk Dhèwèké kuwi bener-bener Gusti Allah+ senajan Gusti Allah ora kétok, merga sifat-sifat kuwi isa dipahami saka kabèh ciptaané.+ Mula, wong-wong kuwi ora isa alesan manèh.

  • Ibrani 1:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Terus, ana ayat sing kandha, ”Gusti, awalé Njenengan nggawé pondhasi bumi, lan Njenengan sing nyiptakké langit.

  • Wahyu 4:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 ”Oh Yéhuwah,* Gusti Allahku, mung Njenengan sing pantes nampa kemuliaan,+ kehormatan,+ lan kuwasa+ merga Njenengan sing nyiptakké kabèh.+ Kabèh kuwi diciptakké merga karepé Njenengan.”

  • Wahyu 10:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Dhèwèké sumpah demi Gusti Allah sing urip saklawasé,+ sing nyiptakké langit sak isiné, bumi sak isiné, lan laut sak isiné.+ Dhèwèké kandha, ”Gusti Allah ora bakal nunda-nunda manèh.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim