-
Purwaning Dumadi 41:22-24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 ”Aku ngimpi manèh, ana biji-bijian sak gagang sing cabangé pitu. Biji-bijiané lemu lan apik.+ 23 Bar kuwi, ana biji-bijian manèh sing thukul sak gagang lan cabangé pitu, tapi kuru-kuru lan layu merga kena angin wétan sing panas. 24 Cabang biji-bijian sing kuru nyaplok kabèh cabang biji-bijian sing apik. Terus, kuwi tak critakké marang kabèh ahli ilmu gaib,+ tapi ora ana sing isa njelaské artiné.”+
-