-
Purwaning Dumadi 37:31-34Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Terus, kakang-kakangé Yusuf mbelèh kambing lanang lan nyelupké jubahé Yusuf ing getihé kambing kuwi. 32 Sakwisé kuwi, kakang-kakangé ngirim jubah kuwi marang bapaké lan kandha, ”Aku nemu iki. Tulung didelok dhisik apa bener iki jubahé anaké Bapak.”+ 33 Wektu ndelok jubah kuwi, Yakub kandha, ”Iki jubahé anakku. Dhèwèké mesthi wis dipatèni lan dipangan kéwan buas.” 34 Terus, Yakub nyuwèk klambiné lan nganggo kain goni ing pinggangé. Yakub nangisi anaké nganti pirang-pirang dina.
-