-
Purwaning Dumadi 47:29-31Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
29 Wektu Israèl ngrasa nèk uripé ora suwé manèh,+ dhèwèké ngundang* Yusuf lan kandha, ”Nèk kowé sayang karo aku, kowé kudu nggawé sumpah* nèk kowé bakal nresnani* lan setya karo aku. Tulung, aku aja dikubur ing Mesir.+ 30 Wektu aku mati, kowé kudu nggawa aku metu saka Mesir lan ngubur aku ing kuburané nènèk moyangku.”+ Mula Yusuf kandha, ”Ya, Pak.” 31 Terus Israèl kandha, ”Kowé kudu sumpah karo aku.”+ Mula Yusuf sumpah. Bar kuwi, Israèl sujud ing bagéan ndhuwur panggonané turu.+
-