4 Aku bakal nglindhungi kowé wektu kowé lunga menyang Mesir, lan Aku bakal nggawa kowé bali mréné saka kana.+ Yusuf bakal ana ing cedhakmu wektu kowé mati.”*+
29 Wektu Israèl ngrasa nèk uripé ora suwé manèh,+ dhèwèké ngundang* Yusuf lan kandha, ”Nèk kowé sayang karo aku, kowé kudu nggawé sumpah* nèk kowé bakal nresnani* lan setya karo aku. Tulung, aku aja dikubur ing Mesir.+