PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 6:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Iki sejarahé Nuh.

      Nuh kuwi wong sing bener.+ Dhèwèké terus nindakké sing bener, ora kaya wong-wong ing jamané. Nuh terus nindakké sing dikarepké* Gusti Allah sing bener.+

  • Ibrani 10:38
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 38 ”Abdi-Ku sing nindakké apa sing bener bakal tetep urip merga nduwé iman”,+ lan ”nèk dhèwèké mundur merga wedi, Aku ora bakal seneng karo dhèwèké”.+

  • Ibrani 11:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Merga nduwé iman, Nuh+ manut karo Gusti Allah sakwisé dikandhani Gusti Allah soal apa waé sing durung kétok.+ Dhèwèké mbangun kapal+ kanggo nylametké keluargané. Liwat imané kuwi, Nuh nduduhké nèk donya iki pantes dihukum,+ lan merga imané kuwi, dhèwèké dianggep bener.

  • 1 Pétrus 3:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Yéhuwah* nggatèkké wong sing bener, lan Dhèwèké ngrungokké wektu wong kuwi njaluk marang Dhèwèké.+ Ning, Yéhuwah* nolak wong sing tumindaké jahat.”+

  • 2 Pétrus 2:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Gusti Allah ya ngukum donya jaman mbiyèn.+ Gusti Allah nggawé banjir gedhé ing donya sing isiné wong-wong sing ora ngajèni Gusti Allah.+ Ning, Gusti Allah nylametké Nuh, yaiku wong sing martakké apa sing bener,+ bareng karo wong pitu liyané.+

  • 2 Pétrus 2:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Dadi, Yéhuwah* ngerti carané nylametké wong-wong sing ngabdi marang Dhèwèké saka cobaan,+ lan ngerti carané nyimpen wong-wong jahat kanggo disingkirké ing dina pengadilan,+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim