25 Para nabi kuwi ngomong soal perjanjian sing digawé Gusti Allah karo nènèk moyangmu,+ lan perjanjian kuwi ya kanggo kowé. Gusti Allah wis janji marang Abraham, ’Liwat keturunanmu,* kabèh keluarga ing bumi bakal diberkahi.’+
8 Mbiyèn, ana ayat sing kandha nèk wong-wong saka bangsa liya bakal dianggep bener karo Gusti Allah merga wong-wong kuwi nduwé iman. Kuwi sebabé kabar apik diwartakké sik marang Abraham. Kabar apiké yaiku, ”Kabèh bangsa bakal éntuk berkah liwat kowé.”+