18 Mula, Abram terus mindhahké kémahé saka panggonan siji menyang panggonan liyané.* Sakwisé kuwi, dhèwèké tekan ing cedhak wit-wit gedhé ing Mamré+ lan manggon ing kono, yaiku ing Hébron.+ Terus, ing kono dhèwèké nggawé mézbah kanggo Yéhuwah.+
13 Ana wong sing berhasil mlayu saka kono. Terus, dhèwèké ngandhani Abram, wong Ibrani kuwi. Wektu kuwi, Abram manggon ing cedhak wit-wit gedhé duwèké wong Amori+ sing jenengé Mamré, kakangé* Éskol lan Anèr.+ Wong-wong kuwi balané Abram.