-
Purwaning Dumadi 26:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Abimèlèkh langsung ngundang* Ishak lan kandha, ”Lha wong dhèwèké jelas-jelas bojomu, kok kowé ngomong nèk dhèwèké kuwi adhimu?” Ishak njawab, ”Lha aku wedi dipatèni gara-gara dhèwèké.”+ 10 Ning, Abimèlèkh kandha, ”Ngapa kowé ndadak ngapusi aku?+ Nèk ana salah siji rakyatku sing turu* karo bojomu, kowé nggawé aku lan rakyatku dadi dosa.”+
-