19 Gusti Allah kandha, ”Sara bojomu bakal bener-bener nglairké anak lanang. Bocah kuwi kudu mbok jenengi Ishak.*+ Aku bakal nggawé perjanjian karo dhèwèké lan karo keturunané.*+ Perjanjian kuwi bakal ana sakterusé.
3 ”’Terus, Aku nggawa Abraham nènèk moyangmu+ saka sabrangé Kali Éfrat lan ngongkon dhèwèké njlajahi kabèh dhaérah ing tanah Kanaan. Aku nggawé keturunané* dadi akèh.+ Aku mènèhi dhèwèké Ishak.+
7 Senajan kabèh wong kuwi keturunané* Abraham, ora kabèh bener-bener anaké Abraham.+ Ning Gusti Allah kandha, ”Keturunan* sing dijanjèkké marang kowé kuwi asalé saka Ishak.”+