-
Purwaning Dumadi 49:29-33Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
29 Sakwisé kuwi, dhèwèké mènèhi préntah iki marang anak-anaké, ”Sedhéla manèh aku wis arep mati.+ Kowé kudu ngubur aku bareng karo nènèk moyangku ing guwa sing ana ing ladhangé Éfron wong Hèt kuwi,+ 30 yaiku guwa ing ladhang Makhpéla, ing cedhak Mamré ing tanah Kanaan, ladhang sing wis dituku Abraham saka Éfron wong Hèt kuwi bèn isa didadèkké kuburan. 31 Abraham lan Sara bojoné dikubur ing kana.+ Ishak+ lan Ribka bojoné ya dikubur ing kana. Léa ya tak kubur ing kana. 32 Ladhang lan guwa sing ana ing kana dituku saka wong Hèt.”+
33 Sakwisé rampung mènèhi préntah kuwi marang anak-anaké lanang, Yakub turu ing panggonané turu, terus dhèwèké mati. Dhèwèké mati kaya nènèk moyangé.+
-
-
Purwaning Dumadi 50:13, 14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Wong-wong kuwi nggawa Yakub menyang tanah Kanaan, terus ngubur Yakub ing guwa ing ladhang Makhpéla, yaiku ladhang sing didadèkké kuburan,+ sing ana ing cedhak Mamré, sing dituku Abraham saka Éfron wong Hèt. 14 Sakwisé ngubur bapaké, Yusuf bali menyang Mesir bareng kakang adhiné lan bareng kabèh sing ngeterké Yusuf ngubur bapaké.
-