-
Purwaning Dumadi 26:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Kowé kudu manggon dadi wong asing ing tanah iki.+ Aku bakal mbantu kowé lan mberkahi kowé merga kabèh tanah iki+ bakal Tak wènèhké marang kowé lan keturunanmu.* Aku bakal nepati sumpah-Ku karo Abraham bapakmu,+ 4 ’Aku bakal nggawé keturunanmu* dadi akèh banget kaya bintang ing langit.+ Aku bakal mènèhké kabèh tanah iki+ marang keturunanmu.* Liwat keturunanmu, kabèh bangsa ing bumi bakal éntuk berkah,’+
-
-
Kisah 7:4, 5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Mula, Abraham lunga saka tanahé wong Khaldéa lan manggon ing Haran. Sakwisé bapaké Abraham mati,+ Gusti Allah ngongkon dhèwèké pindhah saka Haran menyang tanah sing saiki mbok enggoni.+ 5 Gusti Allah ora mènèhi Abraham tanah warisan ing Haran, sak kilan* waé ora. Ning, Gusti Allah janji arep mènèhké tanah iki marang Abraham lan keturunané,*+ senajan wektu kuwi Abraham durung nduwé anak.
-