21Kaya sing diomongké Yéhuwah, Yéhuwah nggatèkké Sara lan nepati janjiné.+2 Terus, Sara meteng+ lan nglairké anak lanang wektu Abraham wis tuwa. Bocah kuwi lair ing wektu sing wis dijanjèkké Gusti Allah marang Abraham.+
19 Senajan imané tetep kuwat, Abraham mikir nèk dhèwèké kuwi wis tuwa banget merga umuré kira-kira wis 100 taun.+ Dhèwèké ya ngerti nèk Sara kuwi mandhul.+