10 Malaékaté Yéhuwah kandha manèh, ”Aku bakal nggawé keturunanmu dadi akèh banget, nganti ora isa diétung.”+ 11 Malaékaté Yéhuwah kandha manèh, ”Kowé lagi meteng, lan kowé bakal nglairké anak lanang. Bocah kuwi kudu mbok jenengi Ismaèl, merga Yéhuwah wis nggatèkké kesusahanmu.