6 Ribka kandha karo Yakub,+ ”Aku lagi waé krungu bapakmu ngomong karo Ésau, 7 ’Gawanen kéwan liar, terus gawéa masakan sing énak bèn isa tak pangan, lan Yéhuwah bakal dadi seksi nèk aku mberkahi kowé sakdurungé aku mati.’+
46 Sakwisé kuwi, Ribka bola-bali ngomong karo Ishak, ”Wong-wong wédok saka Hèt+ kuwi nggawé uripku susah banget. Nèk Yakub ya nikah karo wong wédok saka Hèt kaya sing manggon ing tanah iki, mendhing aku mati waé.”+