-
Roma 9:10-12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Janji kuwi diwènèhké ora mung ing wektu kuwi thok, tapi ya wektu Ribka meteng anak kembar saka Ishak, yaiku nènèk moyangé awaké dhéwé.+ 11 Sakdurungé anak-anak kuwi lair lan nindakké apa waé sing apik utawa èlèk, Gusti Allah wis nggawé pilihan. Gusti Allah milih wong sesuai karo karepé lan ora menurut tumindaké wong kuwi. 12 Kuwi sebabé Gusti Allah ngomong karo Ribka, ”Sing tuwa bakal dadi budhaké sing enom.”+
-