42 Wektu krungu rencanané Ésau, Ribka langsung ngundang* Yakub lan kandha, ”Lé, kakangmu péngin balas dendam lan matèni kowé. 43 Saiki, manuta karo omonganku. Ndang siap-siap, terus mlayua menyang Haran,+ ing omahé Laban kakangku.
2 Stéfanus njawab, ”Sedulur-sedulur, bapak-bapak, tulung rungokna aku. Gusti Allah sing hébat wis nemoni nènèk moyangé awaké dhéwé yaiku Abraham wektu Abraham ing Mésopotamia, sakdurungé dhèwèké manggon ing Haran.+