-
Purwaning Dumadi 35:22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Wektu Israèl manggon ing tanah kuwi, Rubèn nindakké hubungan sèks karo Bilha, gundhiké bapaké, lan Israèl krungu soal kuwi.+
Yakub nduwé anak lanang 12.
-
-
Purwaning Dumadi 37:22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Rubèn kandha manèh, ”Bocah kuwi diuncalké waé ing lubang sing biasa dienggo nampung banyu ing padhang belantara, ning aja diapak-apakké.”+ Rubèn péngin nylametké Yusuf lan nggawa dhèwèké bali marang bapaké.
-
-
Purwaning Dumadi 49:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 ”Rubèn,+ anakku sing pertama,+ kekuwatanku, anakku sing nomer siji,* kowé sing paling kuwat lan paling dihormati. 4 Ning, kowé bakal kélangan kuwi kabèh, merga kaya banyu banjir, kowé ora isa diatur. Kowé wis turu karo bojoné bapakmu.*+ Rubèn wis turu karo bojoné bapaké. Dhèwèké pancèn wis nglakoni kuwi.
-