34 Wektu Ésau umur 40 taun, dhèwèké nikah karo Yudit anaké Béèri wong Hèt lan karo Basemat anaké Élon wong Hèt.+35 Wong wédok loro kuwi nggawé susah atiné Ishak lan Ribka.+
46 Sakwisé kuwi, Ribka bola-bali ngomong karo Ishak, ”Wong-wong wédok saka Hèt+ kuwi nggawé uripku susah banget. Nèk Yakub ya nikah karo wong wédok saka Hèt kaya sing manggon ing tanah iki, mendhing aku mati waé.”+