42 Wektu krungu rencanané Ésau, Ribka langsung ngundang Yakub lan kandha, ”Lé, kakangmu péngin balas dendam lan matèni kowé. 43 Saiki, manuta karo omonganku. Ndang siap-siap, terus mlayua menyang Haran,+ ing omahé Laban kakangku. 44 Manggona ing kana rada suwé, nganti kakangmu ora nesu manèh.