5 Jenengmu dudu Abram* manèh, ning dadi Abraham,* merga aku bakal ndadèkké kowé bapaké akèh bangsa. 6 Aku bakal mènèhi kowé keturunan sing akèh banget. Kowé bakal dadi bapaké bangsa-bangsa, lan raja-raja bakal lair saka keturunanmu.+
13 Mula, wong-wong kuwi ngethok cabang-cabangé wit palem lan marani Yésus. Wong-wong kuwi mbengok, ”Oh Gusti Allah, tulung Njenengan nglindhungi dhèwèké. Muga-muga sing teka nganggo jenengé Yéhuwah*+ diberkahi. Muga-muga Rajané Israèl+ diberkahi.”