-
Pangentasan 4:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Gusti Allah kandha, ”Uncalna tongkat kuwi ing lemah.” Terus, Musa nguncalké tongkaté ing lemah, lan tongkat kuwi dadi ula.+ Musa langsung mlayu saka kono.
-
-
Pangentasan 4:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Yéhuwah ngomong manèh karo Musa, ”Lebokna tanganmu ing njero klambimu.” Terus Musa nglebokké tangané ing njero klambiné. Wektu tangané ditokké manèh saka kono, tangané kena kusta lan wernané putih kaya salju.+
-
-
Pangentasan 4:9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Ning, nèk wong-wong kuwi isih durung percaya karo rong mukjijat mau lan ora gelem ngrungokké kowé, jupuken banyu saka Kali Nil, lan kuwi kudu mbok esokké ing lemah sing garing.+ Banyu kuwi bakal dadi getih.”
-