-
Pangentasan 26:15-18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 ”Kanggo témboké tabernakel, kowé kudu nggawé rangka+ saka kayu akasia. Kayu-kayu kuwi kudu dipasang ngadeg jejeg.+ 16 Saben rangka kayu dhuwuré sepuluh hasta lan ambané siji setengah hasta. 17 Ing ngisoré rangka kayu kuwi, kudu ana bagéan kanggo nancepké, sing jumlahé loro lan posisiné jèjèran. Kabèh rangka kayu kuwi kudu digawé kaya ngono. 18 Kowé kudu nggawé 20 rangka kayu kanggo bagéan tabernakel sing madhep kidul.
-