-
Pangentasan 26:36, 37Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
36 Kowé kudu nggawé kordhèn kanggo lawangé tabernakel. Kordhèn kuwi kudu ditenun saka benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus.+ 37 Kowé kudu nggawé cagak lima saka kayu akasia lan kudu mbok lapisi emas. Cagak kuwi kanggo nggantung kordhèné. Canthèlané kudu mbok gawé saka emas. Kowé ya kudu nggawé alas cagak saka tembaga kanggo nancepké cagak-cagak kuwi.
-