-
Pangentasan 28:6-8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 ”Éfod kudu ditenun saka benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus. Éfod kuwi ya kudu disulam nganggo benang emas.+ 7 Bagéan ngarep lan mburi éfod kuwi kudu disambung ing pundhak. 8 Kowé kudu nenun sabuk+ kanggo éfod nggunakké bahan sing padha, yaiku benang emas, benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus. Sabuk kuwi kudu dipasang kenceng ing éfod kuwi.
-