36 ”Kowé kudu nggawé lèmpèngan sing mengkilap saka emas murni. Ing lèmpèngan kuwi kowé kudu ngukir tulisan iki, ”Yéhuwah kuwi suci”.+ Carané ngukir padha kaya nèk ngukir cincin. 37 Lèmpèngan kuwi kudu mbok talèkké ing bagéan ngarepé serban+ nganggo benang biru.
9 Terus, Musa nganggokké serban*+ ing sirahé Harun, lan ing ngarepé serban kuwi Musa masangké lèmpèngan sing mengkilap saka emas. Lèmpèngan kuwi dadi tandha sing suci.*+ Kuwi ditindakké kaya préntahé Yéhuwah marang Musa.