PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 4:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Terus Yéhuwah ngomong karo Musa, ”Aku mènèhi kowé kuwasa kanggo nggawé mukjijat. Sakwisé kowé tekan Mesir, duduhna mukjijat-mukjijat kuwi marang Firaun.+ Bèn waé dhèwèké* ndableg+ lan ora ngéntukké umat-Ku lunga.+

  • Pangentasan 7:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Senajan ngono, Firaun* tetep ndableg+ lan ora gelem ngrungokké Musa lan Harun, kaya sing diomongké Yéhuwah.

  • Pangentasan 7:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Ning, para ahli ilmu gaibé wong Mesir ya isa nggawé mukjijat sing padha.+ Mula, Firaun* tetep ndableg lan ora gelem ngrungokké Musa lan Harun, persis kaya sing diomongké Yéhuwah.+

  • Pangentasan 8:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Wektu ndelok nèk kodhok-kodhok kuwi wis ora ana, Firaun dadi ndableg+ manèh. Firaun ora gelem ngrungokké Musa lan Harun, persis kaya sing diomongké Yéhuwah.

  • Pangentasan 8:19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Akhiré, para ahli ilmu gaib kuwi ngomong karo Firaun, ”Kuwi kuwasané* Gusti Allah.”+ Ning, Firaun* tetep ndableg lan ora gelem ngrungokké, persis kaya sing diomongké Yéhuwah.

  • Pangentasan 9:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Ning, Yéhuwah meneng waé senajan Firaun* tetep ndableg. Firaun ora gelem ngrungokké Musa lan Harun, persis kaya sing diomongké Yéhuwah marang Musa.+

  • Pangentasan 9:35
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 35 Firaun* terus waé ndableg lan ora ngéntukké wong Israèl lunga, persis kaya sing diomongké Yéhuwah liwat Musa.+

  • Pangentasan 10:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Ning, Yéhuwah meneng waé senajan Firaun* tetep ndableg,+ lan Firaun ora ngéntukké wong Israèl lunga.

  • Pangentasan 10:27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Yéhuwah meneng waé senajan Firaun* tetep ndableg, lan Firaun ora ngéntukké wong-wong kuwi lunga.+

  • Pangentasan 11:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Musa lan Harun wis nggawé akèh mukjijat ing ngarepé Firaun.+ Ning, Yéhuwah meneng waé senajan Firaun* tetep ndableg. Mula, Firaun ora ngéntukké wong Israèl lunga saka tanahé.+

  • Pangentasan 14:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Yéhuwah meneng waé senajan Firaun,* raja Mesir, tetep ndableg. Firaun ngoyak* wong Israèl sing ngrasa percaya diri wektu lunga saka Mesir.+

  • Roma 9:17, 18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Ana ayat sing kandha soal Firaun, ”Aku isih péngin kowé urip bèn Aku isa nduduhké kuwasa-Ku lan bèn kabèh wong sing ana ing bumi ngerti jeneng-Ku.”+ 18 Dadi, Gusti Allah mesakké karo sapa waé sing disenengi, ning Dhèwèké ngejarké sing liyané dadi ndableg.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim