-
Pangentasan 7:20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Musa lan Harun langsung nindakké préntahé Yéhuwah. Harun ngethungké tongkaté lan nggebug banyu sing ana ing Kali Nil ing ngarepé Firaun lan para abdiné. Banyu kuwi langsung dadi getih.+
-
-
Pangentasan 8:17, 18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Musa lan Harun nindakké préntahé Gusti Allah. Harun nggebug lemah nganggo tongkaté, lan debu sing ana ing tanah Mesir dadi nyamuk* sing nyerbu manungsa lan kéwan.+ 18 Para ahli ilmu gaib kuwi ya péngin nggawé mukjijat+ sing padha, yaiku nggawé nyamuk,* ning ora isa. Nyamuk-nyamuk* kuwi terus nyerbu manungsa lan kéwan.
-
-
Pangentasan 9:11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Para ahli ilmu gaib ora isa nemoni Musa merga padha bisulen, kaya kabèh wong Mesir liyané.+
-
-
2 Timotius 3:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Kaya Yanès lan Yambrès sing nentang Musa, wong-wong lanang kuwi terus nentang apa sing bener. Pikirané wong-wong kuwi bener-bener rusak, lan wong-wong kuwi ditolak Gusti Allah merga tumindaké ora sesuai karo iman.
-