-
Purwaning Dumadi 12:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Yéhuwah kandha marang Abram, ”Kowé kudu ninggalké tanahmu, sedulurmu, lan keluargané bapakmu, terus lunga menyang tanah sing bakal Tak duduhké marang kowé.+ 2 Aku bakal nggawé keturunanmu dadi bangsa sing gedhé, lan Aku bakal mberkahi kowé.+ Aku bakal nggawé jenengmu terkenal, lan kowé bakal dadi berkah kanggo wong liya.
-
-
Pangentasan 1:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Keturunané Israèl dadi akèh banget lan terus nambah. Wong-wong kuwi cepet banget nambahé lan dadi saya kuwat nganti ngebaki tanah kuwi.+
-
-
Wilangan 2:32Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
32 Kuwi wong-wong Israèl sing kedaftar nurut keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi. Kabèh sing isa dadi prajurit jumlahé 603.550.+
-