-
Pangentasan 12:42Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
42 Bengi kuwi, wong Israèl nggawé perayaan kanggo ngluhurké Yéhuwah, merga Dhèwèké wis nggawa wong Israèl metu saka tanah Mesir. Perayaan kanggo Yéhuwah kuwi kudu terus dirayakké karo wong Israèl lan keturunané.+
-
-
Pangandharing Torèt 4:34Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
34 Apa Gusti Allah tau milih bangsa siji saka antarané bangsa-bangsa liya bèn dadi duwèké? Apa Dhèwèké tau perang,+ mènèhi hukuman, tumindak sing nggawé wong-wong wedi,+ nggawé mukjijat,+ nduduhké kuwasa sing gedhé,+ lan nduduhké kekuwatan bèn isa ndadèkké bangsa kuwi dadi duwèké kaya sing ditindakké Yéhuwah Gusti Allahmu ing Mesir ing ngarepmu?
-
-
Pangandharing Torèt 16:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Kowé kudu mangan kéwan kuwi karo roti tanpa ragi.+ Pitung dina suwéné kowé ora éntuk mangan apa waé sing ana raginé. Kowé mung éntuk mangan roti tanpa ragi kaya pas kowé mangan roti tanpa ragi wektu kowé kesusu metu saka Mesir.+ Kuwi kudu mbok tindakké bèn kowé éling karo kesusahan sing mbok alami. Kowé ya bakal terus éling wektu kowé dibébaské saka Mesir.+
-