PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 22:29
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 29 ”Aja ragu-ragu mènèhké persembahan saka hasil panènmu, minyakmu, lan anggurmu sing akèh banget.+ Kowé kudu mènèhké anakmu lanang sing pertama marang Aku.+

  • Pangentasan 34:19, 20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 ”Kabèh anak lanang pertama kuwi duwèk-Ku,+ termasuk anaké lanang ternakmu sing pertama, embuh kuwi sapi utawa domba.+ 20 Anak pertamané keledai kudu mbok tebus nganggo domba siji. Nèk ora mbok tebus, kowé kudu nugel guluné keledai kuwi. Kabèh anakmu lanang sing pertama kudu mbok tebus.+ Aja nganti kowé ora nggawa apa-apa wektu ngadhep Aku.

  • Kaimaman 27:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 ”’Anak pertamané kéwan ora isa diwènèhké* marang Gusti Allah merga kèt lair kuwi wis dadi duwèké Yéhuwah.+ Embuh kuwi sapi utawa domba, kuwi wis dadi duwèké Yéhuwah.+

  • Wilangan 3:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Kabèh anak pertama kuwi duwèk-Ku.+ Wektu Aku matèni kabèh anak pertama ing Mesir,+ Aku misahké* kabèh anak pertama ing Israèl kanggo Aku, embuh kuwi anak pertamané manungsa utawa kéwan.+ Kuwi kabèh bakal dadi duwèk-Ku. Aku iki Yéhuwah.”

  • Lukas 2:22, 23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Pas wis tekan wektuné mènèhké korban bèn ora najis manèh, Yusuf lan Maria mènèhké persembahan kaya sing wis ditentokké ing Hukum Musa.+ Bayiné ya digawa ing Yérusalèm kanggo diduduhké ing ngarepé Yéhuwah,* 23 sebab Hukum Yéhuwah* kandha, ”Saben anak lanang pertama kudu dipisahké* kanggo Yéhuwah.”*+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim