-
Purwaning Dumadi 50:24, 25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Akhiré Yusuf kandha karo sedulur-seduluré,* ”Aku wis arep mati, ning Gusti Allah bakal terus nggatèkké kowé,+ lan Gusti Allah mesthi bakal nggawa kowé metu saka tanah iki menyang tanah sing dijanjèkké, kaya sumpahé marang Abraham, Ishak, lan Yakub.”+ 25 Mula, Yusuf ngongkon anak-anaké lanang Israèl nggawé sumpah. Dhèwèké kandha, ”Gusti Allah mesthi bakal nggatèkké kowé. Dadi, kowé kudu janji karo aku nèk kowé bakal nggawa balung-balungku metu saka kéné.”+
-