-
Pangentasan 15:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Ombak ing laut nutupi wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi kaya watu sing kleleb ing laut sing jero.+
-
-
Pangentasan 15:10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Wektu Njenengan nyebul angin, laut nutupi wong-wong kuwi.+
Wong-wong kuwi kaya watu sing kleleb ing laut sing ombaké gedhé banget.
-
-
Yosua 24:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Wektu Aku nggawa nènèk moyangmu metu saka Mesir+ lan tekan ing laut, wong-wong Mesir ngoyak* nènèk moyangmu nganggo kréta perang lan pasukan sing numpak jaran nganti tekan Laut Merah.+ 7 Terus, nènèk moyangmu njaluk tulung marang Aku, Yéhuwah.+ Mula, Tak wènèhi méga peteng ing antarané nènèk moyangmu kuwi lan wong Mesir. Aku ya nyebabké laut nglelebké wong Mesir.+ Kowé ndelok dhéwé apa sing wis Tak tindakké ing Mesir.+ Bar kuwi, kowé manggon ing padhang belantara nganti pirang-pirang taun.*+
-
-
Néhémia 9:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Terus, Njenengan mènèhi tandha lan mukjijat kanggo ngukum Firaun, kabèh abdiné, lan kabèh rakyaté,+ merga Njenengan ngerti nèk wong-wong kuwi padha nindhes+ umaté Njenengan. Njenengan nggawé jenengé Njenengan dikenal nganti saiki.+ 11 Njenengan ya mbelah laut ing ngarepé wong-wong kuwi. Mula, wong-wong kuwi padha nyabrang laut ing tanah sing garing.+ Njenengan ya nggawé wong-wong sing ngoyak* wong-wong kuwi dadi kleleb kaya watu sing diuncalké ing laut sing ombaké gedhé.+
-