-
Pangentasan 16:2, 3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Terus, kabèh wong Israèl sambat karo Musa lan Harun ing padhang belantara.+ 3 Wong Israèl bola-bali ngomong karo Harun lan Musa, ”Mendhing aku dipatèni Yéhuwah* ing tanah Mesir, merga ing kana aku isa mangan daging+ lan roti nganti puas. Tapi, saiki kowé malah nggawa bangsa* iki menyang padhang belantara mung bèn mati kelaparan.”+
-
-
Pangentasan 17:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Tapi wong Israèl ngelak banget lan sambat karo Musa,+ ”Ngapa kowé nggawa aku metu saka tanah Mesir? Apa bèn aku mati merga ngelak? Aku, anak-anakku, lan ternakku mesthi bakal mati.”
-