-
Wilangan 20:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 ”Jupuken tongkat kuwi, terus kowé lan Harun kakangmu kudu nglumpukké kabèh wong Israèl. Ing ngarepé wong-wong kuwi, kongkonen tebing watu kuwi bèn ngetokké banyu. Terus, banyu bakal metu saka tebing watu kuwi lan kowé bakal mènèhi ngombé wong-wong kuwi lan ternaké.”+
-
-
Pangandharing Torèt 8:14, 15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 aja dadi sombong+ lan aja nglalèkké Yéhuwah Gusti Allahmu, sing wis nggawa kowé metu saka tanah Mesir, panggonan wektu kowé dadi budhak.+ 15 Gusti Allah wis nuntun kowé mlaku ngliwati padhang belantara sing amba, medèni,+ lan garing ora ana banyuné. Ing kono ya akèh kalajengking lan ulané. Terus, Gusti Allah nggawé watu sing atos metu banyuné,+
-
-
Mazmur 78:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Dhèwèké mbelah gunung watu ing padhang belantara
Lan mènèhi ngombé wong-wong kuwi nganti puas. Banyuné akèh banget kaya banyu ing laut.+
-