-
Wilangan 11:16, 17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Terus, Yéhuwah njawab Musa, ”Pilihen wong lanang 70 saka antarané para pemimpin Israèl, yaiku para sesepuh lan pengawas+ sing menurutmu cocog kanggo tugas iki. Terus, kowé kudu ngumpulké wong-wong kuwi ing kémah pertemuan, lan kongkonen wong-wong kuwi ngadeg ing kana karo kowé. 17 Aku bakal mudhun+ lan ngomong karo kowé ing kana.+ Aku bakal njupuk sebagéan roh suci+ sing ana ing kowé lan mènèhké kuwi marang wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi bakal mbantu kowé ngawasi lan mimpin bangsa iki bèn kowé ora dhèwèkan nindakké kuwi.+
-
-
Pangandharing Torèt 1:13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Saka suku-sukumu, pilihen wong-wong lanang sing wicaksana, trampil, lan nduwé akèh pengalaman. Aku bakal ndadèkké wong-wong kuwi pemimpinmu.’+
-