-
Pangentasan 33:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
33 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Lungaa saka kéné karo wong-wong sing wis mbok pimpin metu saka Mesir menyang tanah sing wis Tak janjèkké, kaya sumpah-Ku marang Abraham, Ishak, lan Yakub, ’Kuwi bakal Tak wènèhké marang keturunanmu.’+ 2 Aku bakal ngutus malaékat-Ku kanggo nuntun kowé.+ Aku bakal ngusir wong Kanaan, wong Amori, wong Hèt, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus.+
-
-
Pangandharing Torèt 7:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 ”Wektu Yéhuwah Gusti Allahmu nggawa kowé menyang tanah sing bakal mbok tekani lan mbok rebut,+ Dhèwèké ya bakal nyingkirké bangsa pitu sing gedhé,+ yaiku wong Hèt, wong Girgasyi, wong Amori,+ wong Kanaan, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus.+ Bangsa-bangsa kuwi luwih akèh lan luwih kuwat timbang kowé.+
-
-
Néhémia 9:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Njenengan kuwi Yéhuwah Gusti Allah sing bener, sing milih Abram+ lan nggawa dhèwèké metu saka Ur,+ kuthané wong Khaldéa, lan njenengi dhèwèké Abraham.+ 8 Njenengan ngerti nèk dhèwèké setya marang Njenengan.+ Mula, Njenengan janji arep mènèhké tanahé wong Kanaan, Hèt, Amori, Pèriz, Yébus, lan Girgasyi marang dhèwèké lan keturunané.+ Njenengan nepati janjiné Njenengan, merga Njenengan mesthi nindakké sing bener.
-