-
Pangandharing Torèt 5:7-10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Aja nyembah allah-allah liyané. Mung Aku dhéwé sing kudu mbok sembah.+
8 ”’Aja nggawé patung+ utawa liyané sing bentuké mirip karo apa waé sing ana ing langit, ing bumi, utawa ing njero banyu. 9 Aja sujud lan aja nyembah kabèh kuwi,+ merga Aku, Yéhuwah Gusti Allahmu, péngin kowé mung nyembah Aku waé.+ Aku bakal ngukum wong-wong sing sengit karo Aku. Anak-anaké, putuné, lan buyuté* bakal mèlu nanggung kesalahané.+ 10 Aku bakal nresnani* keturunané wong sing nresnani Aku lan manut karo préntah-Ku nganti keturunané sing kesèwu.
-