-
Wilangan 35:11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Pilihen kutha-kutha sing menurutmu cocog dadi kutha perlindungan. Nèk ana sing ora sengaja matèni wong liya, wong kuwi isa mlayu mrana.+
-
-
Wilangan 35:22-25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 ”’Ning, nèk dhèwèké njorokké wong kuwi tanpa sengaja lan ora merga sengit, utawa dhèwèké mbandhem* wong kuwi lan ora nduwé maksud jahat,+ 23 utawa nèk dhèwèké nibakké watu terus watu kuwi nibani wong merga dhèwèké ora ndelok wong kuwi terus wong kuwi mati, ning dhèwèké ora nduwé maksud nyilakani lan wong sing mati kuwi ya dudu mungsuhé, 24 wong Israèl kudu ngadili dhèwèké lan wong sing nduwé hak kanggo mbales, nurut peraturan-peraturan iki.+ 25 Wong Israèl kudu nylametké pembunuh kuwi saka wong sing nduwé hak kanggo mbales, terus nggawa pembunuh kuwi bali menyang kutha perlindungan, yaiku panggonané berlindung. Pembunuh kuwi kudu manggon ing kono nganti imam agung sing dilantik nganggo minyak suci mati.+
-
-
Pangandharing Torèt 19:3-5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé kudu mbok bagi dadi telung wilayah, lan kowé kudu nggawé dalan menyang kutha-kutha kuwi bèn wong sing matèni wong liya isa mlayu ing salah siji kutha kuwi.
4 ”Iki sing kudu ditindakké wong sing matèni wong liya, sing mlayu ing salah siji kutha kuwi bèn ora dipatèni: Nèk wong kuwi ora sengaja matèni wong liya lan sakdurungé ora sengit karo wong kuwi,+ 5 misalé wektu dhèwèké lunga menyang hutan karo wong kuwi merga arep nggolèk kayu, terus kapak sing disabetké ucul saka gagangé lan ngenani wong kuwi nganti mati, dhèwèké kudu mlayu menyang salah siji kutha kuwi bèn ora dipatèni.+
-
-
Yosua 20:7-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Mula, wong Israèl milih* kutha-kutha iki: Kèdès+ ing Galiléa ing dhaérah pegunungan Naftali; Syikhèm+ ing dhaérah pegunungan Éfraim; lan Kiriat-arba,+ yaiku Hébron ing dhaérah pegunungan Yéhuda. 8 Ing dhaérah sisih wétané Kali Yordan, cedhaké Yérikho, wong Israèl milih Bèzèr+ ing padhang belantara ing dataran tinggi ing dhaérahé suku Rubèn; Ramot+ ing Giléad ing dhaérahé suku Gad; lan Golan+ ing Basyan ing dhaérahé suku Manasyé.+
9 Kuwi kutha-kutha sing ditentokké kanggo kabèh wong Israèl lan penduduk asing sing manggon ing antarané wong Israèl. Sapa waé sing ora sengaja matèni wong isa mlayu mrana.+ Wong mau ora bakal dipatèni karo wong sing nduwé hak kanggo mbales sakdurungé diadili ing ngarepé jemaat.+
-