-
Kaimaman 6:2-5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 ”Nèk wong tumindak dosa lan ora setya marang Yéhuwah+ merga ngapusi tanggané, padahal tanggané wis percaya lan ngongkon wong kuwi nyimpenké barangé,+ utawa wong kuwi nyolong utawa ngrampas duwèké tanggané, 3 utawa wong kuwi nemokké barang sing ilang lan ngapusi soal kuwi, utawa wong kuwi nggawé sumpah palsu+ lan kandha nèk ora nindakké dosa apa-apa, iki sing kudu ditindakké: 4 Nèk wong kuwi pancèn nindakké kuwi lan kebukti salah, wong kuwi kudu mbalèkké sing wis dicolong, sing wis dirampas, sing wis dipercayakké marang wong kuwi, barang ilang sing ditemokké, 5 utawa keuntungan sing dihasilké merga wong kuwi wis nggawé sumpah palsu. Wong kuwi ya kudu mènèhi ganti rugi sing persis padha,+ ditambah 20 persèn saka ganti rugi mau. Kuwi kabèh kudu diwènèhké marang sing nduwé barang mau pas wong kuwi kebukti salah.
-