-
Kaimaman 25:35, 36Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
35 ”’Nèk sedulur sing manggon ing cedhakmu dadi mlarat lan ora isa nyukupi kebutuhané dhéwé, kowé kudu mbantu+ dhèwèké kaya nèk kowé mbantu penduduk asing lan penduduk sementara+ supaya dhèwèké tetep urip bareng karo kowé. 36 Kowé kudu wedi marang* Gusti Allahmu.+ Mula, kowé aja njupuk bunga utawa nggolèk bathi saka sedulurmu kuwi,+ lan sedulurmu kuwi bakal tetep urip bareng karo kowé.
-
-
Pangandharing Torèt 23:19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 ”Wektu nyilihi dhuwit, panganan, utawa apa waé marang sedulurmu, aja njaluk bunga saka dhèwèké.+
-
-
Lukas 6:34, 35Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
34 Apa kowé pantes dialem nèk kowé mung ngutangi* wong sing mbok pikir isa mbayar utangé?+ Wong dosa ya ngutangi wong dosa supaya isa nampa manèh dhuwit sing diutangké kuwi. 35 Ning, kowé kudu terus nresnani mungsuh-mungsuhmu, apikan marang wong liya, lan ngutangi tanpa ngarep-arep dibayar.+ Kowé bakal nampa upah sing gedhé lan bakal dadi anak-anaké Sing Mahaluhur, sebab Dhèwèké apikan marang wong sing jahat lan wong sing ora nduwé rasa maturnuwun.+
-