-
Purwaning Dumadi 15:13, 14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Terus, Gusti Allah kandha marang Abram, ”Kowé kudu ngerti nèk keturunanmu* bakal dadi wong asing ing negara liya, lan wong-wong kuwi bakal dadi budhak lan ditindhes 400 taun suwéné.+ 14 Ning, Aku bakal ngukum bangsa sing ndadèkké wong-wong kuwi budhak,+ lan keturunanmu bakal metu karo nggawa harta sing akèh.+
-
-
Kaimaman 26:13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu sing nggawa kowé metu saka Mesir bèn kowé ora dadi budhaké wong-wong kuwi manèh. Aku wis mbébaské kowé saka perbudakan* lan nggawé kowé dadi wong merdéka.
-