18 Sakwisé ngomong karo Musa ing Gunung Sinai, Gusti Allah mènèhi Musa loro lèmpèngan watu Kesaksian,+ yaiku lèmpèngan watu sing ditulisi nganggo tangané* Gusti Allah.+
20 Sakwisé kuwi, dhèwèké njupuk Kesaksian,*+ terus kuwi dilebokké ing njeroné Pethi.+ Dhèwèké ya nglebokké tongkat-tongkat+ ing gelang-gelangé Pethi lan masang tutupé+ Pethi kuwi.+
9 Ing njero Pethi kuwi mung ana lèmpèngan watu+ loro sing didèlèhké Musa ing kono+ wektu ing Horèb, yaiku wektu Yéhuwah nggawé perjanjian+ karo wong Israèl sakwisé wong-wong kuwi metu saka Mesir.+
4 Ing kono, ana wadhah dupa saka emas+ lan pethi perjanjian+ sing dilapisi emas.+ Ing njeroné pethi kuwi ana wadhah emas sing isiné manna,+ tongkaté Harun sing tau metu tunasé,+ lan lèmpèngan-lèmpèngan+ watu perjanjian.