-
Pangentasan 5:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Musa lan Harun kandha, ”Gusti Allahé wong Ibrani wis ngomong karo aku. Tulung, mbok aku kabèh éntuk lunga menyang padhang belantara kanggo mènèhké korban marang Yéhuwah Gusti Allahku.+ Butuh wektu telung dina bèn isa tekan kana. Nèk ora, Gusti Allah bakal nggawé aku kabèh kena penyakit utawa matèni aku kabèh nganggo pedhang.
-
-
Pangentasan 10:25, 26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Musa kandha, ”Ora isa. Njenengan kudu ngéntukké aku kabèh nggawa ternakku bèn isa tak dadèkké korban lan persembahan bakaran kanggo Yéhuwah Gusti Allahku.+ 26 Ternakku bakal tak gawa. Ora ana kéwan sing bakal ditinggal, merga ana sing arep tak gunakké kanggo ngibadah marang Yéhuwah Gusti Allahku. Aku dhéwé ya ora ngerti apa sing bakal tak korbanké marang Yéhuwah nèk durung tekan kana.”
-