-
Pangentasan 37:17-24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Dhèwèké nggawé wadhah lampu+ saka emas murni. Carané nggawé dibentuk nganggo palu. Wadhah lampu kuwi ana alasé, gagangé, cabang-cabangé, kelopaké, kuncupé, lan kembangé. Kabèh kuwi digawé saka emas sak batang. Nggawéné ora dipisah-pisah.+ 18 Wadhah lampu kuwi cabangé enem, telu ing sisih kiwa lan telu ing sisih tengen. 19 Ing saben cabang sing ana ing sisih kiwa, ana kelopak telu sing bentuké kaya kembang almond, disusun selang-seling karo kuncup lan kembangé. Saben cabang sing ana ing sisih tengen ya digawé kaya ngono. Dadi, enem cabangé wadhah lampu kuwi digawé kaya ngono. 20 Ing gagangé wadhah lampu kuwi ana kelopak papat sing bentuké kaya kembang almond, disusun selang-seling karo kuncup lan kembangé. 21 Ing ngisoré sak pasang cabang sing pertama, ana kuncup siji. Terus, ing ngisoré sak pasang cabang sing keloro, ana kuncup siji. Lan, ing ngisoré sak pasang cabang sing ketelu, ana kuncup siji. Enem cabang sing ana ing gagangé wadhah lampu kuwi digawé kaya ngono. 22 Kuncup, cabang, lan kabèh bagéan saka wadhah lampu kuwi digawé saka emas murni sak batang sing dibentuk nganggo palu. Nggawéné ora dipisah-pisah. 23 Terus, dhèwèké nggawé mangkok cilik pitu+ saka emas murni. Dhèwèké ya nggawé alat kanggo njepit sumbu lan wadhah bara saka emas murni. 24 Dhèwèké nggawé wadhah lampu kuwi lan kabèh perlengkapané saka sak talènta* emas murni.
-