-
Pangentasan 36:24-26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Dhèwèké nggawé 40 alas cagak saka pérak kanggo nancepké 20 rangka kayu mau. Ing ngisoré saben rangka kayu diwènèhi alas loro. Bagéan ngisoré rangka kayu mau ditancepké ing alas loro kuwi.+ Kabèh rangka kayu mau digawé kaya ngono. 25 Kanggo bagéan tabernakel sing madhep lor, dhèwèké nggawé 20 rangka kayu 26 lan nggawé 40 alas cagak saka pérak. Ing ngisoré saben rangka kayu diwènèhi alas loro. Kabèh rangka kayu mau digawé kaya ngono.
-