-
Pangentasan 36:27-30Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
27 Dhèwèké nggawé enem rangka kayu+ kanggo bagéan mburiné tabernakel, yaiku sing madhep kulon. 28 Dhèwèké nggawé rangka kayu cacahé loro kanggo nyangga bagéan mburi tabernakel, ing rong pojokané. 29 Rangka kayu loro kuwi kudu didadèkké siji saka ngisor tekan ndhuwur, yaiku ing gelang sing pertama. Rangka kayu sing nyangga pojokan-pojokané tabernakel bagéan mburi digawé kaya ngono. 30 Dadi, kabèhé ana 8 rangka kayu lan 16 alas cagak saka pérak. Ana alas loro ing ngisoré saben rangka kayu.
-