PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 36:35, 36
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 35 Dhèwèké nenun kordhèn+ saka benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus. Dhèwèké nyulam gambar kerub+ ing kordhèn kuwi.+ 36 Dhèwèké nggawé cagak papat saka kayu akasia sing dilapisi emas lan nggawé gantungan kordhèn saka emas. Dhèwèké ya nggawé alas cagak saka pérak cacahé papat kanggo nancepké cagak-cagak kuwi.

  • Lukas 23:45
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 45 merga matahari ora bersinar. Terus, kordhèn ing bait+ suwèk dadi loro.+

  • Ibrani 6:19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Harapan+ sing njaga uripé awaké dhéwé kuwi kaya jangkar. Harapan kuwi nggawé awaké dhéwé tetep kuwat lan yakin. Kuwi nuntun awaké dhéwé bèn isa mlebu ing mburiné kordhèn sing misahké ruangan ing bait.+

  • Ibrani 9:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Ning, ing mburiné kordhen sing keloro+ ing njero kémah kuwi, ana ruang liya sing disebut ”Ruang Mahasuci”.+

  • Ibrani 10:19, 20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Sedulur-sedulur, getihé Yésus nggawé awaké dhéwé kendel mlebu ing Ruang Mahasuci.+ 20 Kaya mlaku liwat kordhèn, dhèwèké mbukak dalan anyar sing isa nggawé awaké dhéwé urip. Kordhèn+ kuwi maksudé badané.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim