PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 40:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Pethi kuwi dilebokké ing njeroné tabernakel. Dhèwèké ya masang kordhèn+ ing ngarepé Pethi Kesaksian,+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.

  • Kaimaman 16:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Yéhuwah kandha marang Musa, ”Kandhanana Harun kakangmu nèk dhèwèké ora éntuk mlebu sak gelemé dhéwé ing Ruang Mahasuci*+ lan ngadeg ing ngarep tutup Pethiné Gusti Allah bèn dhèwèké ora mati.+ Sebab, Aku bakal teka liwat méga+ ing ndhuwur tutup Pethi kuwi.+

  • 1 Para Raja 8:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Terus, para imam nggawa pethi perjanjiané Yéhuwah menyang panggonané,+ ing ruangan sing paling njero ing omah kuwi, yaiku Ruang Mahasuci, lan ndèlèhké kuwi ing ngisoré sayapé kerub-kerub.+

  • Ibrani 9:2-4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Kémah kuwi dipisah dadi ruangan loro. Ing ruang sing pertama, ana wadhah lampu,+ méja, lan roti persembahan.+ Ruang kuwi disebut ”Ruang Suci”.+ 3 Ning, ing mburiné kordhen sing keloro+ ing njero kémah kuwi, ana ruang liya sing disebut ”Ruang Mahasuci”.+ 4 Ing kono, ana wadhah dupa saka emas+ lan pethi perjanjian+ sing dilapisi emas.+ Ing njeroné pethi kuwi ana wadhah emas sing isiné manna,+ tongkaté Harun sing tau metu tunasé,+ lan lèmpèngan-lèmpèngan+ watu perjanjian.

  • Ibrani 9:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Dhèwèké ora nggawa getihé wedhus utawa getihé sapi lanang enom pas mlebu ing Ruang Mahasuci, ning dhèwèké nggawa getihé dhéwé+ bèn isa mbébaské* awaké dhéwé+ kanggo saklawasé. Kuwi ditindakké ping pisan kanggo saklawasé.

  • Ibrani 9:24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Kristus ora mlebu menyang Ruang Mahasuci sing digawé nganggo tangané manungsa.+ Kuwi mung tiruan saka Ruang Mahasuci sing asli.+ Ning, dhèwèké mlebu menyang swarga,+ lan saiki dhèwèké ngadhep Gusti Allah demi awaké dhéwé.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim