-
Pangentasan 39:19-21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi nggawé cincin emas loro, terus dipasang ing pojokan-pojokané tutup dhadha bagéan ngisor, ing sisih njeroné, sing madhep éfod.+ 20 Wong-wong kuwi ya nggawé cincin emas loro, terus dipasang ing éfod bagéan pundhak, ing ndhuwuré sabuk éfod sing ditenun, cedhak bagéan sambungané. 21 Akhiré, tutup dhadha kuwi ditalèni nganggo tali biru. Tali kuwi dilebokké ing cincin sing ana ing tutup dhadha, terus disambungké ing cincin sing ana ing éfod bèn tutup dhadha sing ana ing ndhuwuré sabuk ora nggèsèr saka éfod kuwi, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.
-